Rabu, 11 Mei 2016

Tazkirah jawa

TAZKIRAH JAWA

Ngerungokne songko ustaz sing huraine woconane kitab ngisahne suargo karo neroko....tibak an ne Titian As Syirat kuwi peteng dedet.

Sahabat takon karo kanjeng nabi Muhammad saw, nek puuueteng kepiye arep melaku nang duwure?

Jarene kanjeng nabi Muhammad saw...karo dimar (cahaya) sing metu songko awakA adewe (anggota wudhu') Terang opo ora kuwi melu karo ngamal ibadahe adewe nang dunio.

Eneng wong sing sekujur awakA tuuuerang jinglang...gampang wae ngeliwati titian As Syirat.

Ono wong sing dimare kor nang pucuk jentik sikil wae...dadine wong kuwi rodok kangelan arep nyebrang.

Ono wong sing dimare sedilut urip sedilut mati...dong wayahe dimare kuwi urip, dekA melaku....tapi dong wayahe mati, yo mandek disek...yo koyo ngono lah sak dawane melaku.

Ya Allah...nek ngerungokne iki... kito ki oleh opo ra yok dimar sing terang jinglang???... opo sing delut eneng delut ora...opo kor oleh sing nang pucuk jentik sikil wae??
Wedineeee...!!!

Dungone kanjeng Rasulullah saw mohon dimar.

Ya Allah,
Dadekno dimar nang jero meripatku,
Dadekno dimar nang jeru kupingku,
Dadekno dimar nang jero ilatku,
Dadekno dimar nang jero atiku,
Dadekno dimar nang kananku,
Dadekno dimar nang kiwoku,
Dadekno dimar nang ngarepku,
Dadekno dimar nang buriku,
Dadekno dimar nang duworku,
Dadekno dimar nang ngisorku,
Dadekno kambek aku dimar nang dino Kiamat,
Karo wehonolah aku dimar sing terang jinglang.

Aamiin Ya Rabbal'alamiin..

Ahli2 suargo kuwi, wong sing ora seneng omong perkoro-perkoro sing lagha

Ahli2 suargo kuwi, wonge sing ora omong, angger metu, angger muni, angger meletek, ngelarakne ati wong lio.

Ahli2 suargo kuwi, wonge sing kerep ngisi wayahe lapang di entekno gawe moco al Qur'an karo ziki muji gusti Allah.

Jarene nabi Muhammad saw....Ahli neroko kuwi wonge ora mati yo ora urip...maknane wonge kuwi koyo wong tgh sakaratul maut....koyo urip koyo mati...sediluk urip sediluk neh mati...yo wes tekan mboh kapan wayahe, sapek entek wayahe nerima balesan duso nang dunio.
Nauzubillah...

AwakA anak Adam bakale di gedekno karo gusti Allah nang neroko mboh pirang hasta ora reti ben dirasakne loro disekso lebih loro.........
Neroko kuwi puuueteng dedet jerone pasale sankeng puuuanase.

Bayangno suwine neng neroko pasal dusone kito?
Ono wong di obong nang neroko sampek entek wayahe....eneng sing dadi areng eneng sing entek dadi awu... bar kuwi tekan wayahe kabeh di tokne songko neroko kon melebu suargo...

Bayangno... wong islam sing okeh dusone di obong mboh pirang ewu taun opo maneh wong ora islam. Nek duwe konco urong islam jak en masuk islam. Gelem opo ora kuwi nombor loro. Samare mbesok koncomu kuwi nyalahne adewe pasal nang dunio ora pernah ngejak dadi islam.

Pumpong kito iki isek urip manuto perintahe gusti Allah..nek cetuk wong alim otow ulama jalok dungone ben nek mati ngesok, matine manut perintah gusti Allah.

Nabine adewe nabi Muhammad saw ngeteni kabeh umate melebu suargo barulah kanjeng nabi ngelangkah melbu.

Diriwayatno, nabi Muhammad saw ngenteni wong sing paling keyri dewe (paling last) melaku nang titian As Syirat....nek melaku timak timik. Uwalon tenan. Ngeremet tapi kanjeng Nabi telaten ngenteni. Ora ono siji pun umate sing ketinggalan.

Titian As Syirat iku manggone nang duwure neroko jahannam.

Neng ngarepe titian As Syirat kuwi suargo. Ono sing melakune koyo angin...wong iki wonge ora pernah ngelarakne atine wong lio...selalu ngewehi ketimbang nerimo....

Wong sing paling keyri.....wong sing paling ora kuat imane (lemah iman).

Diriwayatno suargo kuwi...tepine wae wes uuuwapik...ora ono bandingane...kuwi urong melebu gek weroh jerone....ahli suargo kuwi suorone pun gayah dirungokne.

Lepas wae wong sing paling keyri kuwi...dekA weroh nang ngarepe ono pokok uwapik eneng banyu mili nang ngisore. DekA pun jalok mareng gusti Allah arep njagong (duduk) nang kono... gusti Allah ngizini wong kuwi njagong...

Sik baru entes wae nek jagongan sor pokok kuwi, dekA weroh pokok lia ne sing meneh apik...jalok ngalih meneh. Weroh maneh, ngalih meneh sampeklah tekan pokok sing paling cepak/cedek (dekat) karo suargo.

Nang kono kuwilah dekA kerungu suoro wong nang jero suargo...suorone pinak/ngayah di rungokne....jaloklah wong kuwi arep melebu suargo. Gusti Allah pun ngolehi melebu...

Sekali dekA ki melebu...dekA kuwi metu maneh.kaget....dekA nakoni gusti Allah..."Iki gon ku ke Ya Allah?"

Allah nakoni..."Sampian niku pernah kerunggu sopo sing paling sugeh nang dunio biyen?" Wong iku nyawuri "pernah"...Gusti Allah ngandakno "Sak temenane arep tak wehi karo sampian anugerah sing10x ganda malah lebih2 maneh kesugihane karo wong sing paling sugeh nang dunio".... masyaAllah pemurahe gusti Allah. Wong sing paling keyri pun di wehi nikmat sak mono guwedi...opo maneh wong sing manut perintahe gusti Allah.
sampekno sing apik walau sak baris ayat..mugo mugo ono manfaate..inshaAllah..

Kopi & Pasta seko sumber Whatsapp. Wallahu alam

Tiada ulasan:

Catat Ulasan